Senin, 30 Juni 2014

Sastra_Nagri kang Abadi


Nagri kang abadi

Rinengkuh polah kang ana ing awak iku
Ringkih lan rekasa anggone awak iku prasaja
Pancen wis mardika, pancen wis abadi
Mardika...lan mardika

Nagri iki sasotya anggone kuwasa
Nagri iki bungah anggone kelangan walandha
Sasotya...?
Apa tumon wis sasotya nanging polahmu esih ringkih
Apa tumon wis mardika, nanging esih nangis kurang sega

Pancen iki wis mardika
Mardika saka walandha, mardika saka jepang
Nanging durung mardika saka kemlaratan
Kemlaratan sing ora ana pungkasane


Tidak ada komentar:

Posting Komentar