Senin, 30 Juni 2014

Sastra_Pawarta Tanpa Kandha

Pawarta tanpa kandha

Udan kang riwis-riwis wingi sore iku
Anggonku ngenteni kowe ing ngisore wit ijo kae
Anggonku ngenteni tresna ku ing sajroning ati
Godhong ijo kuwi esih teles ing kene

Aku esih ngenteni kowe kang dina iku
Aku esih ngenteni sliramu
Sliramu kang tekan tanpa kandha
Pawarta iku....pawarta tanpa kandha

Udan dina iku gawe ati tansah bingung
Bingung dening sliramu tekan ing udan kuwi
Janji mu arep tekan wektu kuwi
Janji mu arep tekan ing ati...    




Tidak ada komentar:

Posting Komentar