Senin, 30 Juni 2014

Sastra_Payung Kuning

Payung Kuning

Nalika semono awakmu tansah ing atiku
Nalika semono awakmu lan awakku dadi siji
Dadi siji bebarengan swara ing ati
Dadi siji sanajan nduweni pambeda

Lintang iku semabyor ing dina kuwi
Lintang iku sumebar ing atiku
Ati kang ora bisa ninggal sliramu
Ati kang ora bisa ninggal lintang kuwi

Nalika dina iku....rembulan ana ing kono
Payung kuning kang ngancani sliramu
Sliramu kang bisa dadi gawe kasenengan
Payung kuning pawarta kang nduweni tandha ati


Tidak ada komentar:

Posting Komentar