Jumat, 10 Mei 2013

Pendidikan_Pranatacara


                                                             PRANATACARA
Pambuka :
Mahardikeng tyas ring kamardikan, nugraha miwah sih wilasanipun gusti ingkang maha agung, mugi anggung sumandha wonten ing jiwanggo kita sawegung waradin sagung dumadi raharjo niskala satuhu. Mligi katur para rawuh ingkang hangrasuk agami islam assalamualaikum Wr.Wb.
Atur Pakurmatan :
Para sesepuh myang pinisepuh ingkang pantes sinungkeman, para sanak kadang sentanawarga pawong mitra ingkang tansah sinambrama ing pamboja, para rumaja putra rumaja putri ingkang tansah kinasih ing gusti, waradinipun dhumateng sangyaning para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Adicara :
Nuwun sanggyaning para tamu kakung putri ingkang winengka ing pakurmatan. Kaperanga kula cumanthaka jumeneng ing ngarsa panjenengan sadaya awit awrat ngemban dhawuhipun Bapa Yusuf saha Ibu Marfuah kinen dados talanging basa, nglantaraken titilaksana tatacara midodareni ing dalu menika. Inggih kang putra ingkang asesilih nimas ayu Evi Rizki pikanthuk kangmas bagus Septa Restiyadi.
Wondene rantaman tatacara Midodareni ing dalu menika nuninggih :
Sepisan : Calon penganten kakung sakpangombyong rawuh kalajengaken  Pasrah-tinampi pisowan calon penganten kakung lan tandha utawi peningset.
Kaping kalih    : Calon penganten kakung ngunjuk toya ingkang dipun samektakaken dening Ibu Marfuah kalajengaken lung-tinampi tandha tresna saking panjenenganipun Bapak/Ibu Yusuf dhumateng Bapak/Ibu Wiryo
Kaping sekawan : Atur pambagyaharja ingkang badhe katindakaken dening Bapak Marjudin
Kaping gangsal    :   Upacara Nebus Kembar Mayang
Kaping nenem  :   Wejangan “catur wedha”
Kaping pitu  :   Pitepangan keluarga
Kaping wolu  :   Tilik Nitik kalajengaken Kembul bujana
Kaping sanga     :  Pamitan saha asrah-tinampi kancing gelung lan angsul-angsul    
                            minangka paripurnaning tatacara.
Bapak saha Ibu para tamu ingkang sanget kula hormati. Makaten rantaman tatacara midodareni ing ndalu menika.
Ngaturi Dhadhar :
Para rawuh kakung putri wreda mudha minulya, setunggal baka setunggal lampahing tatacara sampun katindakaken kanti gancar lancar nir ing sambekala ananging saksampunipin kula premati  wonten ingkang kirang. Kirangipun inggih menika panjenengan sedaya dereng menangki payuwunipun pamangku gati. Panyuwunipun namung satunggal inggih menika sedaya para tamu ingaturan tumuju ing sasana bojana mundhut unjukan sarta dhaharan sampun kasamaptakaken dening risang biyantu karya ing reh catering. Sumangga. Nuwun
Atur Panutup :
Para rawuh ingkang dahat kinurmatan setunggal lampahing tatacara ahargyan ing dalu punika sampun katindakaken kanthi raharja wahyaning mangsa kala wus ngungkap titipurnaning panargyan. Wonten ing sungapaning pahargyan kula pun Indah Rakhmawati ingkang piniji pinitaya minangka panatacara hambok bilih anggen kula angayahi jejibahan wonten galap gangsuling atur kiranging subasita myang tatakrami kula nyuwun lumunturingsih samudra gung pangabsami.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar