Minggu, 17 November 2013


monggoh......

Standar Kompetensi   : Berbicara
Kompetensi Dasar       :  Melakukan percakapan dengan orang yang lebih tua, misalnya  
                                       menanyakan atau menyampaikan pesan atau undangan secara  
                                       lisan.
Indikator                     :
1.      Mampu melengkapi kalimat yang rumpang sesuai dengan unggah-ungguh.
2.      Mampu menemukan pesan yang terdapat dalam percakapan.
3.      Mampu memahami isi percakapan.

Soal :
Teks Pacelathon
Simbah      : “Sirahe simbah kok mumet ya, Ndhuk.”
Surti          : “Lha kenging menapa ta Mbah ……. ? Kados pundi menawi kula   
                     pijeti kemawon, Mbah?”
Simbah      : “Ora usah, Ndhuk! Tukokna obat wae neng warunge Lik Semi  
                     kae lho!”
Surti          : “Nggih, Mbah. Mangkih kula tumbasaken.”
Simbah      : “Saiki wae, Ndhuk! Aja mengko-mengko soale sirahe simbah 
                      rasane wis mumet banget.”
Surti          : “Nggih, Mbah.”

1.      Adhedhasar pacelathon ing dhuwur, tembung kang trep kanggo njangkepi pacelathone Surti marang Simbah yaiku …
a.       sukunipun
b.      sirahe
c.       mustakanipun
d.      mustakane

2.      Isine pacelathon ing dhuwur yaiku …
a.       Simbah ngongkon putune tuku obat.
b.      Surti njaluk dhuwit neng simbah.
c.       Simbah nembe gerah waja.
d.      Simbah lan Surti lunga menyang Puskesmas.

3.       Pesen kang bisa dipethik saka pacelathon ing dhuwur yaiku …
a.       Tuku obat kudu trep karo penyakite.
b.      Yen dikongkon wong tuwa kudu cepet dilakoni.
c.       Wong tuwa ora olih ngongkon putune.
d.      Yen simbahe gerah kudu dipijeti putune.

4.      Teks Pacelathon
A         : “Nuwun sewu, Pak. Kula badhe nyuwun pirsa.”
B         : “Piye, Nak?”
A         : “…………………………..”
B         : “Bener Nak, kuwi daleme Pak Lurah.”
A         : “Matur nuwun nggih, Pak.”
B         : “Iya, padha-padha.”
Ukara kang leres kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku …
a.       Menapa leres menika dalemipun Pak Lurah, Pak?
b.      Apa iki bener omahe Pak Lurah, Pak?
c.       Dalemipun Pak Lurah napa leres menika, Pak?
d.      Niki leres dalemipun Pak Lurah, Pak?

                   


Tidak ada komentar:

Posting Komentar