KABEH DADI SEDULUR
Satemane
sesrawungan lan kekancan iku mujudake sawijining bab kang wigati tumrap kabeh
manungsa. Wektu kuwi aku esih klas loro SMP. Aku nduweni kanca kang raket
banget wiwit klas 5 SD. Aku lan Ita pancen wis raket amarga Ita kuwi bocah kang
apik lan jujur. Aku lan Ita wis ngerti watake dhewe-dhewe. Tiyang sepuhku wis
ngerti Ita kuwi bocah kang apik. Aku lan Ita seneng menawa dolanan congklak.
Wanci
setengah pitu, Ita marang omahku kanggo mangkat sekolah bareng. Aku lan Ita
mangkat sekolah kanggo angkotan biru nom. “Ra, aku nyilih duwit marang koe,ana
ora?”pitakone Ita marang aku. “Pira ta”,wangsuli aku. Banjur Ita nambahi “
Kanggo tumbas buku Rp 20.000,00 wae”. Lan aku nambahi maneh “ Ana ta, nanging
aku kanggo tumbas kadone mba Evi, tapi ora papa wis Ta, iki go koe “.
Sawise
tekan sekolah aku lan Ita mlebu klas. Ita karo aku beda klas, Ita klas XII B
lan aku klas XII A. Wektu istirahat aku lan kancaku tumbas jajan ana ing ngarep
sekolah, banjur aku ketemu Ita. Ita karo kancane tumbas jajan kang padha karo
aku. Sawise kuwi aku mlebu klas lan nyiapake buku kanggo pelajaran matematika.
Watara
jam rolas, bel sekolah ndegek banjur bocah-bocah padha metu saka klas. Ita wis
ngenteni aku ing ngarep klas. Aku lan Ita mulih bareng. Ita dolan ndhisik ing
omahku. Sesuke Ita gawa kado kanggo mba Evi sing lagi ambal warsa. “Mba iki
kanggo mba Evi saking Rani”. Banjur mba Evi wangsuli “Lho ana apa iki?”. Ita nambahi “ Wingi aku nyilih duwite Rani
mba, kanggo tumbas buku banjur aku iki wangsuli kanggo kado wae”.
“Oh,
matur nuwun Ta ,wis gawe repot”, nambah mba Evi. Rani sing ngerti kadadeyan wau
banjur kaget lan ngucapke nuwun kanggo Ita kang wis gawe mba Evi seneng marang
kadone.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar