GAJAH-GAJAHAN
Kling....kling.....unine
dolanan kuwi. Toto, Dewa, lan Saka lagi dolanan ana ing ngarep umah. Arman kang
ora duweni dolanan kang dijenengi gajah-gajahan kuwi ngadeg ana ing pojok kiwa
umah. Dheweke kapengin melu dolanan, nanging kancanipun ora ngajak dolanan.
“Man,
kene dolanan iki loh?”ajak Dewa
“Aja,
Arman ora duwe kok,go apa melu iki”. Atur Toto
Lajeng
Arman mulih lan nangis amarga kalawau. Banjur Arman njaluk tumbas dolanan
gajah-gajahan kang lagi tenar. Arman
ora gelem mangan jalaran ora ditumbasakake dolanan kalawau. Pak Rudi wangsul
lan goleti Arman ing umah,
“Man,
iki pak mu mulih”.
“
Arman lagi ngambek pak”. Atur Ibu Tuti
Ibu
Tuti banjur nyariosakaken menapa Arman ngambek lan ora gelem mangan. Pak Rudi
mangerti putranipun ngambek menapa. Banjur Pak Rudi ngempalakaken arta kangge
tumbas dolanan gajah-gajahan kalawau.
Sesuke
Pak Rudi mangkat kerja langkung awal, jalaran Pak Rudi badhe kerja serabutan
rumiyin sederenge kerja ana ing pabrik.
“Iki
gaweane sapa?”pitakone mandor ing kono
“Kula
pak”. Wangsulane Pak Rudi
“Dasar
ora bisa kerja, ngaduk lemah wae ora bisa.”
“Ngapunten
Pak.”
“Kono
diulangi.”
“Nggih
Pak.”
Esuk,awan
kanthi wengi Pak Rudi kerja kangge tumbas dolanan putranipun. Kirang langkung 3
sasi Pak Rudi saged tumbas dolanan gajah-gajahan kangge Arman,putranipun.
Pancen dolanan kuwi regane larang, jalaran kuwi Pak Armam kerja serabutan
kangge nambahi tumbas dolanan.
“Man,
iki kangge koe, nanging koe kudu kesed sinau lan entuk nile apik.”Atur Pak Rudi
“Matur
nuwun Pak, nggih Arman manut ngendikane Bapak.”Arman nambahi
Arman
seneng baget sampun dipuntumbasakake dolanan kang lagi tenar ana ing dusun menika.Pancen dolan gajah-gajahan apik banget
lan bisa awet. Dolan gajah-gajahan kuwi saka wesi kang sampun dibor,lajeng
diparingi hiasan lan saged kangge dolanan kanthi umur 3 taun dumgi 10 taun.
Arman lan kanca-kancanipun dolanan ana ing ngarep umahe Dewa. Nanging Arman ora
lali sinau kangge nyenengakake bapak lan Ibune kang sampun gawe dheweke seneng.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar