Selasa, 10 Juni 2014

Pendidikan_Dumadine Desa Tegalwangi Lan Desa Pesarean ing Tlatah Tegal


DUMADINE DESA TEGALWANGI
LAN DESA PESAREAN ING TLATAH TEGAL


Dhek jaman biyen Sultan Agung gawe kraton dhewe ing Plered.  Panjenengane duweni kapenginan kanggo ninggalake kraton Mataram lan pindhah marang kraton Plered. Sawise Sultan Agung seda, banjur panguwasa ing Mataram diganti dening Susuhan Amangkurat I, panjenengane yaiku putra pertama saka Sultan Agung utawa jeneng asline Raden Mas Sayidin.
Miturut Narasumber 3, taun 1643 Sultan Agung wis miwiti gawe bendungan ing Plered, banjur sawise kuwi gawe danau gawean ing Plered taun 1644. Nanging pambangunan durung rampung, Sultan Agung wis seda ndisit. Banjur sawise Sultan Agung seda pambangunan dilanjutna dening Sunan Amangkurat Agung I kanthi 1651 Masehi.  Konon dicaritakake bendungan mau di jenengi Segarayasa utawa laut buatan.
Miturut narasumber uga pambangunan kraton Plered diwiwiti taun 1571 kanthi 1649 Masehi. Dicaritakake kraton Plered kadadeyan saka tembok bata abang lan batu alam (saiki dijenengi batu marmer).
Awal kapemimpinan Sultan Amangkurat I diwiwiti taun 1645 kang wis dinobatake dadi raja Mataram. Panjenengane olih gelar Susuhan Ing Alaga. Banjur sawise dinobatake kanthi cara resmi, panjenengane diwenehi gelar Amangkurat utawa Mangkurat. Taun 1647 ibukota Mataram pindhah ing Plered. Sultan Amangkurat I duweni cara mimpin rakyate kanthi cara pamberontakan saka pamerintahan Sultan Agung. Amarga kuwi Raden Mas Alit gumun carane kang denggo kangmase.



Taun 1646 panjenengane, Sultan Amangkurat I gawe perjanjen karo VOC. Jebul VOC diolihna mbuka pos-pos dagang ing Mataram, banjur Mataram olih dagang ana ing pulo-pulo kang wis dikuwasi dening VOC.
Kasepakatan kuwi dianggep Sultan Amangkurat I kanggo bukti takluke VOC dening Mataram, nanging Sultan Amangkurat I kaget menawa Palembang jebul direbut dening VOC taun 1659.
Miturut narasumber, Sultan Amangkurat I padu karo Raden Mas Rahmat sing dadi Adipati Anom. Diceritakake Sultan Amangkurat I padu karo Raden Mas Rahmat (Anak Sultan Amangkurat I) amarga kabar kang ngenani jabatan Adipati Anom kang diganti dening Pangeran Singasari. Pangeran Singasari iku putra saka Sultan Amangkurat Agung I. Banjur Raden Mas Rahmat ora nrima menawa jabatan kang wis diolihna wiwit biyen arep direbut dening Pangeran Singasari.
Saka kabar kuwi banjur Raden Mas Rahmat duka marang bapakne dhewe. Panjenengane duweni pikiran kanggo mateni Sultan Amangkurat I.           
Diceritakake taun 1661 Raden Mas Rahmat gawe kudeta nanging gagal. Sawise Sultan Amangkurat ngerti menawa Raden Mas Rahmat arep mateni dheweke banjur panjenengane nduweni kapenginan kanggo ngracuni anake kuwi, nanging kapenginan saka Sultan Amangkurat I gagal. Akhire Raden Mas Rahmat padhu karo Sultan Amangkurat I kuwi gawe kraton Mataram geger. Banjur taun 1668 Raden Mas Rahmat ngrebut selire bapakne,  Rara Oyi.





Sawise Sultan Amangkurat I ngerti banjur panjenengane duka lan ngutus wong kepercayaane kanggo goleti informasi ngenani babagan kuwi. Ora suwe Sultan Amngkurat I ngerti sebab musababe selire ilang saka kraton.  Jebul Pangeran Pekik gawa Rara Oyi ing Surabaya. Pangeran Pekik kapengin Rara Oyi rabi karo adipati Anom, akhire Rara Oyi rabi karo Adipati Anom.
Sultan Amangkurat I kaget lan ancur atine merga harkat lan martabate wis dilangkahi dening Raden Mas Rahmat, anake dhewe. Sawise kuwi Sultan Amangkurat I menehi ukuman mati kanggo Pangeran Pekik lan 40 keluwargane Pangeran Pekik. Ora tekan kono wae, Sultan Amangkurat I uga menehi ukuman kanggo Adipati Anom, yaiku mateni Rara Oyi, yen Raden Mas Rahmat ora gelem nglakokna ukumane age-age Sultan Amangkurat I nyopot gelar Adipati Anom saka Raden Mas Rahmat. Banjur Raden Mas Rahmat manut apa sing diprentah bapakne, Sultan Amangkurat I yaiku mateni Rara Oyi sing saiki wis dadi bojone.
Sultan Amangkurat I kagolong kejem, nanging kuwi wis dadi kapenginane. Jabatane sing wis raja bisa ngalahakake wong-wong sing arep ngancurake dheweke lan Mataram.
Sawise kedadeyan kuwi Raden Mas Rahmat dendam karo Sultan Amangkurat I lan nduweni niat kanggo ngrusak kraton Mataram. Ora suwe saka kedadeyan kuwi Raden Mas Rahmat dipecat saka jabatane yaiku Adipati Anom. Raden Mas Rahmat akhire katemu karo Raden Trunajaya. Raden Mas Rahmat njaluk tulung karo Raden Trunajaya kanggo ngrusak kraton Mataram lan nduweni rencana kanggo nguwasani kraton Mataram uga.
Akhire Raden Trunajaya gelem nulungi Raden Mas Rahmat kanggo ngrusak lan nguwasani kraton Mataram sing saiki dikuwasani Sultan Amangkurat I, sing ora liya yaiku bapakne Raden Mas Rahmat dhewe. Nanging tetulungan saka Raden Trunajaya kuwi jebul ora gratis, panjenengane dibayar dening Raden Mas Rahmat kanggo ngrusak Sultan Amangkurat I.
Raden Trunajaya anggone ngrusak dibantu dening para pejuang makassar yaiku wong-wong sing ndukung Sultann Hasanudin sing wis dikalahke VOC taun 1668.
Diceritakake dening narasumber ana padhu omongan antara Raden Trunajaya karo Raden Mas Rahmat. Banjur Raden Trunajaya ora menehi kuwasa kraton Mataram karo Raden Mas Rahmat sing wis direncanakake sadurunge, malahan nglakokake penjarahan marang kraton Kartasura. Raden Mas Rahmat kuwalahan karo polahe Raden Trunajaya, banjur panjenengane (Raden Mas Rahmat) bali mbelani bapakne, Sultan Amangkurat I.
Taun 1677, Raden Trunajaya bisa ngrebut kraton Plered. Ngerteni babagan kuwi banjur Raden Mas Rahmat lan Sultan Amangkurat I mlayu ngamanke awake. Nanging Trunajaya lunga saka Mataram lan mulih maneh marang Kediri,  Jawa Timur.
Kedadeyan kuwi di manfaatna dening Pangeran Puger kanggo nguwasani kraton Mataram lan gawe dheweke dadi raja ing Plered.
Sawise kadedeyan kuwi Sultan Amangkurat gerah merga ngamanke awake anggone dheweke mlayu. Diceritakake, Sultan Amangkurat I mlayu tbanjur ketemu Adipati Martalaya lan panjenengane njaluk menawa dheweke seda mengko dikubur ana ing desa sing wis nglewati tanah kang mambu wangi lan cedhak karo kuburane gurune biyen.
Sultan Amangkurat I seda, nanging ana kabar menawa sing mateni Sultan Amangkurat I kuwi yaiku Raden Mas Rahmat. Nanging miturut narasumber, Sultan Amangkurat I seda dudu merga gara-gara Raden Mas Rahmat
Jenazah Susuhan Amangkurat Agung dening Adipati Martalaya disemayamke sadina ing desa Pasiraman. Jenazah dilarung dening rombongane Adipati Martalaya, nanging rombongan diadang dening masarakat sing anti Belanda. Akhire salah sawijining wong sing melu rombongan seda.

Sawise kuwi jenazah tetep dilarung, nanging ing tengah-tengah dalan rombongan diadang dening bekas prajurite Tumenggung Bahureksa sing kelebu anti Belanda. Nanging piyambake ngerti menawa ing rombongan kono ana Adipati Martalaya, banjur prajurit kuwi bali maneh. Minangka kuwi desa kang dadi papan bali prajurit mau dijenengi Balapulang.
Banjur Jenazah Sultan Amangkurat I dilarung utawa digotong saka Martoloyo mangidul, wiwit desa saka desa durung nemoni mambu tanah kang wangi. Kanthi tekan salah sawijining desa ing lor slawi, tekan kono tanah ing desa kuwi mambu wangi, merga tanah ing desa kuwi mambu wangi banjur desa kuwi dijenengi desa Tegalwangi. Nanging tekan desa Tegalwangi jenazah Sultan Amangkurat I nembe mambu wangi durung Arum. Banjur jenazah Sultan Amangkurat I dilarung maneh , tekan salah sawijining desa jenazah wis wangi lan arum. Desa kuwi saiki dijenengi desa Pesarean merga desa kuwi kanggo papan sare Sultan Amangkurat I. Merga kuwi dijenengi desa Pesarean.
Jenazah Sultan Amangkurat I dikubur ana ing desa Pesarean kono. Diceritakake rambut lan kuku jenazah Sultan Amangkurat I nambah dawa saben dinane. Jenazah Sultan Amangkurat I dikuburkake kanthi posisi lungguh lan nganggo ageman sorjan jangkep sing saiki dijenengi Makam Amangkurat ana ing desa Pesarean.
Miturut narasumber, jenazah Sultan Amangkurat I mambu wangi merga panjenengene priyantun sing taat marang gusti Allah Swt lan nduweni tindhak-tandhuk kang becik, kang ora di duweni dening wong liya-liyane.
Saben tanggal 10 Suro ing Makam Amangkurat kalaksanan prosesi jamasan kanggo ngrapikake rambut lan kuku Sultan Amangkurat I sing nambah dawa saben dinane.  Prosesi Jamasan dilakukake dening wong-wong kraton Yogyakarta nganggo ageman sing wis disaratake. Masarakat ana kono uga olih rejeki saben ana prosesi Jamasan kuwi. Miturut warga kono, anane prosesi Jamasan bisa gawe rame dagangane lan nambah rejekine.
Taun 1945 kanthi prentah saka kraton Yogyakarta lan Menteri Agama banjur makam Amangkurat I ditutup rapet. Pamarentah kraton kasunanan Yogyakarta uga netepakake menawa Makam Amangkurat I ora olih kanggo kuburan umum.
Makam Amangkurat I ing desa Pesarean ditekani dening masarakat  luar kota lan masarakat asli desa Pesarean kono, masarakat biyasa teka kanggo ziarah lan donga marang jenazah Sultan Amangkurat I. Anggone masarakat ziarah dikancani dening juru kunci ing kono utawa sesepuh kang kerep ngancani donga.
Masarakat percaya menawa ziarah ing kono bisa nambahake rejeki lan rahmat kanggo dheweke.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar