Senin, 30 Juni 2014

Kebudayaan_Nyadran



NYADRAN

Tradisi Jawa pancen apik,  nduweni ngelmu sing menehi pepeling marang anak utawa putu supaya ngerti marang leluhur. Anak dikekudhang supaya ngerti bapa biyung sing ngukir jiwa ragane. Sabanjure digulawenthah supaya ngerti marang mula bukane wiwit mbah, mbah buyut, lan sapendhuwure.
Acara nyadran iku kaitane karo adat lan istiadat Jawa. Apa maneh yen masarakat gelem ngrembakakake, adat istiadat sing ana iku bakal dadi salah sijine wisata budaya sing adi luhung. Tradisi kasebut nganti saiki isih ditindakake dening masarakat Jawa.
Tradisi nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud rasa sukure masarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip.

Tradisi nyadran tumrap wong jawa dianggep wigati banget.
Umume ditindakake ing sasi ruwah. Tradisi nyadran ora bisa pisah karo kembang utawa sekar. Mulane yen nyekar para leluhur nganggo uba rampe kembang (mawar, kenanga, mlati, telasih lan liya-liyane). Ing sasi ruwah iki akeh pepundhen kang disowani lan diresiki. Nyadran tumrap wong Jawa dianggep wigati, amarga ana bab kang sambung karo tradisi spiritual.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar