Senin, 30 Juni 2014

Kebudayaan_Blangkon Apik-apik Wae Kok


BLANGKON APIK-APIK WAE KOK

Blangkon kelebu salah sijining topi kang kudu dilestarikake. Senajan akeh wong ngomong yen blangkon kuwi ndeso, nanging tetep esih akeh wong sing seneng marang tutup sirah kuwi. Blangkon kuwi wujude kaya topi sing kagawe saka batik utawa lurik.
Ing klambi-klambi tradhisional, sebenere blangkon apik banget yen dinggo. Ing klambi Jawa dhewe, blangkon kudu ana kanggo jangkepi beskap lan jarik. Ora mung ning Jawa wae, ning Sunda uga ana blangkon sing dinggo karo klambi adat ing kono.

Nanging, ing jaman saiki para mudha-mudha ora seneng sing jenenge nganggo blangkon. Akeh para mudha saiki nduwe pikiran yen blangkon kuwi nambah elek rasukane. Saliyane kuwi, uga ana para mudha kang nduwe pikiran yen nganggo blangkon kuwi cupu, katro, ndeso lan liya-liyane. Sakjane nek dhewe nganggo blangkon lan ora isin, padha wae dhewe wis nglestarekake budaya Indonesia. Ora mung kuwi, yen dhewe nganggo blangkon, ora bakal ana sing jenenge “wong Jawa ilang Jawane”.   

Tidak ada komentar:

Posting Komentar