Senin, 30 Juni 2014

Sastra_Salah Wong



SALAH WONG

Wektu kuwi aku lan Ibu lagi menyang ing omahe pakdhe. Aku seneng banget amarga di ajak ibu menyang omahe pakdhe Judin menika. Ana ing omahe pakdhe menika, aku lan sedulurku dolanan ing lapangan, cedhak omahe pakdhe. Ervin, sedulurku ngajak dolanan boneka lan sawise kuwi banjur adus-adusan ing kali ana ing sabin mburi lapangan. Wektu kuwi aku ora gawa boneka jalaran aku ora ngerti meh dolanan boneka menika. Banjur aku disilihkake dening Ervin.
Ora krasa wis 1 jam aku lan Ervin dolan boneka, banjur aku lan sedulurku wau menyang sabin lan adus-adusan. Aku seneng banget sebabe aku durung nate adus-adusan ing kali sabin menika. Wektu aku lan karo Ervin adus-adusan, aku weruh kancaku ing sabin lagi dolanan layangan, banjur aku ngundang nanging bocah wau ora nglinguk. Aku terus ngundang bocah wau amarga aku penasaran kuwi bener kancaku dudu.  Ervin melu-melu ngundang “Ton, Toni iki loh diundang Wita” ,atur Ervin.
Bocah wau nglinguk lan aku isin banget menawa bocah wau dudu Toni kanca sekolahku. Aku cepet mlayu lan mulih ing omahe pakdhe Judin. Ervin nututi aku karo gembuyu seneng banget. Tekan umahe pakdhe, aku karo Ervin diseneni Ibuku amarga adus-adusan ing sabin lan boten matur kaliyan Ibu rumiyin. Banjur aku lan Ervin adus karo gembuyu, nanging aku taksih isin jalaran wau salah wong. Sawise adus aku lan ibu wangsul lan pakdhe ngendika “ Aja salah wong maneh”. Aku gembuyu lan njaluk marang ibu cepet-cepet wangsul.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar