SEPISAN
LAN PUNGKASAN
Wektu kuwi aku lagi muggah kelas 5 SD. Nalika mlebu kelas,
ana murid anyaran lanang sing teka saka papan adoh. Nanging murid anyar kuwi
ora biyasa. Dheweke duwe cacat awak. Sikile sengkleh siji sing tengen, awake
gering, lan rambute rada arang, nyaris gundul. Pokoke mesakake banget
perawakane.
Ing dina sepisan muggah kelas kuwi, Bu Guru ndhawuhi saben
murid kanggo ngenalake awakke dhewe-dhewe ing ngarep kelas.. saiki gilirane cah
anyaran lanang mau ngenalake awakke. Dheweke digeguyu kanca-kanca liyane, kelas
dadi rame, bocah-bocah padha cekakakan. Bu Puji, wali kelasku ndhawuhi
murid-murid meneng. Nanging yo dasare bocah tetep ora bisa meneng, bocah-bocah
ngempet ngguyu nganti rupane abang. Maksude kareben ora diseneni Bu Guru.
Mlakune cah anyaran mau keseret-seret. Wektu dheweke ngadheg
sikile gemeter. Ing ngarep kelas, banjur dheweke ngenalke awake.
“Je . . jeneng . . jenengku . . Ad . . Adri” Jarene gagap.
“A . . aku . . sa . . saka . . ess . . SLB Harapan 1 .”
Kanca-kanca sing awit mau ngempet ngguyu, dadi ribut.
Sanajan mengkono anggone Adri ngomong tetep diteruske. Ana rasa mesakake
sumelip ing atiku.
Adri mesti mangkat paling gasik ning sekolah. Sesuk esuk,
pas Adri lagi mlaku karo gawa buku saktumpuk, sikile disandung karo kancaku. Dheweke
tiba, bukune morak-marik ning jubin. Atiku trataban weruh kedadeyan kuwi. Ora
ana kancaku sing arep nulungi Adri. Malah padha guyu, ana sing mung ndelengi
kanthi rasa jijik. Aku langsung ngadheg, aku arep nulungi Adri karo mberesi
buku-bukune Adri sing morak-marik mau. Adri banjur ngucapkake maturnuwun karo
aku, tangane isih ngebut-ngebutke klambine sing reged.
Ing sekolah, Adri ora nduwe kanca. Kanca-kanca sing lanang
malah pada ngenyeki awake Adri. Ana sing ngenyek nganggo omongan lan ana sing
ngenyek karo niru-niru solah bawane Adri. Nalika kanca-kanca sing wedhok ora
gelem cedhak-cedhak karo Adri. Amarga perawakane Adri sing cacat mau. Wiwit
prastawa pas aku nulungi Adri, dheweke dadi seneng nyedhaki aku. Adri wis
nganggep aku dadi kancane. Aku yo narima wae, kanggo aku kabeh kuwi kancaku.
Aku ora mbeda-bedakake kanca. Nanging aku ora cedhak-cedhak banget karo Adri,
mung kanca biyasa. Soale aku nduwe kanca kenthel dhewe. Aku ora ngerti nek Adri
nganggep aku dudu kanca biyasa. Nganti ing sawijining dina, pas aku lan
kanca-kanca kenthelku lagi padha ngumpul, Adri teka banjur srawung marang aku
lan kanca-kanca. Pas aku lan kanca-kanca jajan, yo ditutke karo Adri. Pokoke
ning endi-endi aku lan kanca-kancaku ditutke. Wis ngrasa rak kepenak, aku ngusir
Adri nanging carane alus. Adri malah saya nyedhaki aku, aku sing lagi sensitif
dadi mbentak Adri. Karo kaget, Adri mlayu mboh ning endi.
Udakara patang wulan sakbanjure kuwi, Adri wis seminggu ora
mlebu sekolah. Aku dadi goreh. Pikiranku ngentha-entha ngapa Adri ora mlebu
sekolah nganti seminggu lan ora ana kabar ngenani Adri. Bali sekolah, aku
sakanca sekelas nggoleki omahe adri kanggo mastikake kabare Adri. Aku lan
kanca-kanca njaluk alamat omahe Adri marang Bu Guru.
Aku lan kanca-kanca mlaku muter-muter nggoleki alamat omahe
Adri. Nganti tekan ing perumahan gedhe. Omah-omahe megah kaya gedung. Banjur
dhewe tekan ing ngarep omah sing ora kalah gedhene karo tanggane. Aku ndodog
lawang omahe sing gedhe dhuwur saka kayu jati. Ora let suwe, saka njero, ibuke
Adri mbukake lawang. Ibune nduwe paras sing ayu, nanging mripatne kethok
bengkak kaya bar nangis. Ibune Adri manggakake dhewe mlebu. Aku sakanca-kanca
isih mlengo ndhelok omahe Adri sing megahe kaya gedung.
Ibune Adri wis ngerti tekane dhewe arep nakoni Adri. Karo
ngomong mripate mbrambang. Ibune crita nalika wiwit cilik Adri duwe penyakit
sing serius. Wis pirang-pirang kali Adri nglakoni terapi, karo ngombe
obat-obatan saka dokter utawa obat-obatan tradisional kayata jamu. Ibune Adri
nalika crita mandheg sedela, mripate nerawang ing langit-langit omah.
” Wiwit cilik, Adri ora nduwe kanca. Biyasane wong-wong
padha ora gelem cedhak-cedhak Adri amarga perawakane sing cacat. Sanajan
mengkno, Adri ora tau isin utawa ngeluh karo keadaane. Dheweke pengen banget
mlebu sekolah umum kanggo nggolek kanca. Sadurunge Adri sekolah ning SLB. Adri
wis ditinggal Bapake wiwit umur 6 taun, gara-gara bapak nduwe penyakit sing
padha karo Adri. ” critane Ibune Adri, Bu Neli.
”Lha Bu, saiki Adri ting pundi? ” pitakonku nyela critane Bu
Neli. Aku wis ora sabar, atiku wis dagdigdug ora karuan. Pikiranku wis ning
endi-endi. Bu Neli malah nunduk, ” Adri wis nyusul Bapake.” wangsulane Bu Neli.
Kanthi rasa ora percaya, aku lan kanca-kanca liyane nangis ing kono. Aku wis
ora bisa ngmong apa-apa. Dadi Adri wis meninggal ? Ngopo cepet banget ? Aku
durung sempet njaluk ngapura marang Adri.
Teka-teka Bu Neli takon, ”Iki ndak Dek Olin?” Aku manthuk
alon. Banjur Bu Neli maringi lipetan kertas saka kantonge. Aku ndredeg. ”
Sadurunge lunga, Adr pesen karo Ibu kareben surat iki diaturake Olin. Adri
pengen ngucapake maturnuwun amarga Dek Olin gelem dadi kancane Adri. Dek Olin
pancen kanca sepisan lan pungkasane Adri.”
Aku mbuka lipetan kertas mau. Atiku trenyuh, aku nangis
sesenggrukan maneh ing kono. Nyatane Adri isih nganggep aku kancane, malah
sahabate.
”
Dri, aku njaluk ngapura yo .. .”

Tidak ada komentar:
Posting Komentar