WISATA MENYANG
YOGYAKARTA
Esuk
iku wanci sepuluh, bocah-bocah wis padha ngumpul ana ing sekolah. Anggone padha
ngumpul amarga bocah-bocah klas sanga dina iku arep lunga menyang Yogyakarta
seperlu wisata. Nita lan kanca-kanca numpak bis, sadurunge numpak bis menika
Pak Sulaiman siyaga ngabsen para siswa sing arep melu wisata menyang
Yogyakarta. Wisata mau mligi kanggo klas songo. Dene cacahe bocah kang melu
watara 200, bocah lanang 90 lan bocah wadon 110, ditambah guru pendamping
cacahe ana 13. Bis kang digunakake wisata mau yaiku 4 bis.
Sawise
bocah-bocah ngumpul ana ing bis banjur padha donga bebarengan. Ora wetara suwe
bis mangkat. Ing jroning bis hawane adhem lan seger amarga bis AC. Nita lan
kanca-kanca atine seneng, apa maneh top
leader utawa TL bis nyetel CD tembang pop kang disenengi dening
bocah-bocah.
“
Nit, koe gawa apa wae kok akeh banget?” pitakone Lala marang Nita
“Aku
ora gawa apa-apa La, nanging tas ku wae sing gede”tambah Nita. Swasanane rame
baget, amarga bocah-bocah padha melu nembang. Nita lan Lala malah turu amarga
kesel lan Nita krasa ngantuk banget.
Watara
jam setengah pitu bengi, rombongan wis tekan hotel kanggo nginep ana ing
Bantulan, Yogyakarta. Ing kono bocah-bocah lan Guru bisa turu lan istirahat
sedela. Wanci lima esuk bocah-bocah wis siap kanggo menyang marang wisata kang
ana ing Yogyakarta menika. Sawise sarapan, rombongan menyang Candi Prambanan.
Wanci
rolas, rombongan nerusake laku ing Malioboro. Ana ing kono Pak Sulaiman
ngendika” Aja nganti mencar-mencar ing Malioboro menika jalaran lagi rame
banget”. Banjur bocah-bocah wangsuli “ Nggih pak”. Sadurunge mlaku-mlaku ing
Malioboro bocah-bocah mangan dhisik lan ibadah. Jam loro rombongan rampung
mlaku-mlaku in Malioboro menika.Sawise ing Malioboro banjur rombongan menyang
marang Pantai Parangtritis.
Ana
ing Pantai Parangtritis bocah-bocah padha dolanan pasir lan adus-adusan.
Rasaning atine Nita lan bocah-bocah klas songo seneng. Guru pandamping ngawasi
bocah-bocah supaya boten ana bebaya.
“La
adus-adusan ana ing kono yuh?”ajak Nita kang lagi seneng dolanan pasir banjur
Lala nambahi “ Ayo Nit, saiki yo”. Bocah loro mau pancen wis raket banget.
Wetara jam lima sore rombongan wangsul ing hotel kang ana ing Bantulan,
Yogyakarta. Sawise kuwi rombongan mangan lan ibadah. Banjur rombongan siap-siap
kanggo wangsul ing Semarang menika.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar