Kamis, 03 Juli 2014

Bahasa_Analisis Cerkak Dalam Fonologi



Jaran Putih Pak Kadus

Pak Kadus nduwe jaran putih sing awake gedhe banget lan wulune putih memplak kinclong-kinclong. Jaran kuwi arane Turangga Seta. Kalebu jaran pilihan amarga awake rosa, lakune lincah lan mlayune banter banget. Ing tlatah Nusantara mungkin saukur Gagak Rimang, jarane Arya Penangsang sing iso ngalahke Turangga Seta. Saben ndina kebiasaane Turangga Seta dolan ning lapangan, utawa mlaku-mlaku turut pinggir desa, amarga ora ana gawean sing kudu ditandangi.

            Pak Kadus nduwe profesi dadi tukang gawe meriam-langganane armada  kapal-kapal perang Ksatria Jepara, amarga meriame wis terbukti kasil nyilemke pirang-pirang perahu Portugis wektu tempur ning tlatah sabrang lor, yaiku Selat Malaka. Jalaran sanes petani, kewan-kewan sing diingu Pak Kadus ora ana sing kudu kerja keras ning sawah, tugase sakderma dadi kelangenane Pak Kadus. Penduduk Kadipaten Jepara pancen arang-arang sing dadi petani, akeh-akehe dadi pedagang lan pengrajin, amarga ekonomi Jepara ngandelke perdagangan    internasional.    
  
Sakjane tugase Turangga Seta iku dadi jaran tumpakane Pak Kadus. Nanging jalaran Pak Kadus ngrumangsani wis tuwo, dheweke wis arang-arang numpak jaran meneh. Malah dheweke wis tau nolak nalika arep disekolahke bab modifikasi meriam ning Stambul - amarga rumangsa ora kuat meneh numpak kapal nganti pirang-pirang sasi.

                                  
Sawijining dina jaran sing biasa narik andhong sikile kesleo, terus dirawat ning omahe Pak Mantri tangga desa. Ndilalahe dina kuwi pakane Turangga Seta pas enthek, dadi Pak Kadus kudu tuku pakan ning pasaring Kutho Jepara. Jarak omahe Pak Kadus karo pasar kurang luwih sepuluh kilo. Pak Kadus butuh kendaraan kanggo mara ndana. Sarene jaran sijine lagi lara, Pak Kadus arep nganggo Turangga Seta dinggo narik andhong.

Turangga Seta kaget nalika Pak Kadus marani kandhange, masang tali ning awake, banjur di geret nyedaki andhong. Turangga Seta tambah kaget nalika dheweke diakon narik andhong dening Pak Kadus.

“Weleh-weleh Pak Kadus ini apa tho karepe? Aku lagi enak-enak turu malah kon narik andhong?” pikirane Turangga Seta

Sarene Turangga Seta ora gelem mlaku arepa taline andhong wis disendal-sendal, Pak Kadus banjur ngetokke pecut. Bokonge Turangga Seta dipecut ben gelem mlaku. Turangga Seta kaget banget dipecut bokonge. Saklawase dheweke lagi sepisan iki dipecut karo Pak Kadus. Jaran kuwi banjur mlaku amarga wedi bakal dipecut meneh.  Awale mlakune timik-timik, wasan dipecut ping pindho karo Pak Kadus dadi mlayu radha banter. Karo mlayu manut arahane Pak Kadus, Si Turangga Seta grenengan ning ati.

“Iki Pak Kadus arep ngapa tho ndadak ngajak aku mlaku-mlaku adoh kaya ngene. Mbok nek arep mlaku-mlaku ki ning cerak omah wae ben ora kesel.  Ora ngerti po piye nek mlayu ngeneki  agawe sikilku pegel-pegel!”

Turangga Seta terus mlayu narik andhong  lewat dalan kampung sing wis alus. Ananging sakwise tekan ning pinggir pantai dheweke kudu liwat dalan sing akeh wedine. Mlayune dadi rada angel. Turangga Seta banjur mlayune sansaya rindhik, malah suwe-suwe dadi mlaku timik-timik meneh.  Pak Kadus weruh Turangga Seta mlaku rindik banget,  banjur mecut bokonge Turangga Seta. 



Jebretttt!

Dipecut sepisan Turangga Seta tetap mlaku timik-timik. Rumangsane Pak Kadus kur arep mecut sepisan wae, dadi ora apa-apa ora sah dirasakke.

Jebretttt!  Jebretttt! Jebretttt!

Pak Kadus mecut bokonge Turangga Seta ping telu. Banjur mecut meneh gegere Turangga Seta ping loro ngantek jaran kuwi kaget banget. Dheweke kaget amarga ora ngira Pak Kadus bakal mecut bola-bali. Kepeksa dheweke mlayu meneh narik kereta lewat dalan sing akeh wedine kuwi.  Karo grundelan Turangga Seta mlayu kanthi ngati-ati ben ora kepleset

“Prendis tenan iki!. Aku kok dikon peplayon terus kawit mau.  Ngapa tho Pak Kadus iki kok aneh-aneh wae?. Ngajak lelungan menyang pasar ki ngapa tho?. Lha mbok tenguk-tenguk ning ngomah wae rasah kakean polah kaya ngene! 

Turangga Seta ora ngerti menawa pasar kuwi papane wong adol pakan kanggo dheweke. Pasar ing kutho Jepara kalebu pasar sing paling rame ing tlatah Nusantara. Papane ning pinggir pelabuhan Jepara. Pedagang sing dodolan ning kono rata-rata nduwe kapal dagang. Asale saka rupa-rupa bangsa, kalebu bangsa Arab, India, Cina, Afrika, Portugis, Perancis, Inggris, lan uga pedagang Jawa. Saudagar-saudagar Pulau Jawa terkenal nduwe kapal-kapal dagang raksasa sing diarani kapal Jung, kanggo ngangkut rempah-rempah saka tlatah pulau-pulau wetan kaya Ternate lan Tidore.
              Biasane Pak Kadus menyang pasar seminggu sepisan. Mulihe dheweke nyangking barang-barang kanggo gawe meriam kayata: wesi, kuningan, lan perunggu. Kadang-kadang Pak Kadus mampir pabrik mesiu ning Bergota saperlu tuku bahan peledak dinggo njajal meriam. Pak Kadus ora lali mesthi tuku pakan dinggo ingon-ingone, kalebu kanggo Si Turangga Seta. Dina iki malahan Pak Kadus kur tuku pakane Turangga Seta thok, jalaran mesakke menawa Turangga Seta sing ora kulina narik andhong, kudu narik andhong sing momotane akeh.

Kira-kira jam sewelas andhonge Pak Kadus tekan pasar. Turangga Seta gumun banget weruh ana atusan kapal-kapal dagang raksasa sing lagi sandar ning Pelabuhan Jepara. Dheweke uga lagi sepisan iki weruh pedagang cacahe ewon sing warna kulite beda-beda tumplek blek ning pasar. Nanging sarene awake kesel banget, Turangga Seta ketungkul grenengan marang nasibe kudu nggeret andong.

             Pak Kadus mlebu pasar saperlu tuku pakan kanggo Turangga Seta. Sakwise leren sedhela, Pak  Kadus numpak andhong lan ngarahke Turangga Seta supaya narik andhong mangkat bali ning kampung meneh. Karo grundelan Turangga Seta narik andhong mulih ning ndesane.

Sakwise tekan omah, Pak Kadus nuntun Turangga Seta bali ning kandhange. Sebagian pakan jaran sing digawa andhong dipakakke marang jaran putih kuwi.  Turangga Seta tambah anyel meneh

“Gene ki aku kur arep diwenehi  pakan ngene kiyi! Lha kok mau ndadak dikon mlayu-mlayu barang tekan kutho Jepara.  Aneh tenan Pak Kadus iki. Mbok kawit mau aku langsung dipakani wae ora sah dikon mlayu-mlayu  ndisik!”

Sumber : (Undil – 2012)



ANALISIS CERKAK
DENGAN JUDUL JARAN PUTIH PAK KADUS


No.
Frasa
Frasa berdasarkan
Kategori/Kelas kata
Perentangan
Distribusi
Struktur
1.
      Ing Tlatah Nusantara
F. Adverbial
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
2.
Ning Lapangan
F. Adverbial
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata      
3.
Ning Tlatah sabrang Lor
F. Adverbial
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata      
4.
Ning Pasar
F. Adverbial
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata       
5.
Ning Pelabuhan
F. Adverbial
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata        
6.
Saka Tlatah
F. Adverbial
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata       
7.
Pedagang pengrajin
F. Nominal
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
8.
Arya Penangsang
F. Nominal
 Simpleks
Endosentrif Apositif
 Kata + Kata
9.
Gagak Rimang
F. Nominal
Simpleks
Endosentris Apositif
 Kata + Kata
10.
Tuku Pakan
F. Verbal
Simpleks
Endosentrif Atributif
 Kata + Kata
11.
Tuku Bahan
F. Verbal
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
12.
Narik Kandhang
F. Verbal
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
13.
Gedhe Banget
F. Adjektival
Simpleks
 Endosentris Atributif
 Kata + Kata
14.
Wulune Putih memplak kinclong-kinclong
F. Nominal
   Kompleks     Modifikatif
  Endosentris Atributif
 Frasa + Frasa
15.
Pasar ing kutho Jepara kalebu pasar sing paling rame ing tlatah Nusantara
F. adverbial
       Kompleks Modifikatif
Eksosentris
 Kata + Frasa
16.
Wulune Putih
F. Nominal
Simpleks
 Endosentris Atributif
 Kata + Kata
17.
Timik – timik
F. Verbal
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
18.
Lakune lincah lan mlayune banter
F. Adjektival
Simpleks
 Endosentris Koordinatif Aditif
 Frasa + Frasa
19.
Kapal-kapal dagang
F. Nominal
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
20.
Lakune lincah
F. Verbal
 Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
21.
Turangga Seta iku
F. Nominal
Simpleks
Endosentris Apositif
 Kata + Kata
22.
Kaget banget
F. Adjektival
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
23.
Awake gedhe banget
F. Adjektival
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
24.
Rada angel
F. Adjektival
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
25.
Radha banter
F. Adjektival
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
26.
Rindik banget
F. Adjektival
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
27.
Gumun banget
F. Adjektival
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kta
28.
Kesel banget
F. Adjektival
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
29.
Kerja keras
F. Verba
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
30.
Mlaku-mlaku
F. Verba
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
31.
Andhong mulih
F. Verba
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
32.
Masang tali
F. Verba
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
33.
Marani kandhange
F. Adverbial
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
34.
Dheweke uga lagi sepisan
F. Pronominal
Simpleks
Eksosentris
 Frasa + Frasa
35.
Pirang-pirang sasi
F. Numeralia
Simpleks
Eksosentris
 Kata + Kata
36.
Sepuluh kilo
F. Numeralia
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
37.
Ping loro
F. Numeralia
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
38.
Bokonge dipecut
F. Nominal
Simpleks
Endosentris Atributif
 Kata + Kata
39.
Mlayu kanthi
ngati-ati
F. Verbal
Kompleks
Endosentris Atributif
 Frasa + Kata




Tidak ada komentar:

Posting Komentar