DUMADINE DESA TEGALWANGI
LAN DESA PESAREAN ING TLATAH TEGAL
Dhek jaman biyen Sultan Agung gawe
kraton dhewe ing Plered. Panjenengane
duweni kapenginan kanggo ninggalake kraton Mataram lan pindhah marang kraton
Plered. Sawise Sultan Agung seda, banjur panguwasa ing Mataram diganti dening
Susuhan Amangkurat I, panjenengane yaiku putra pertama saka Sultan Agung utawa
jeneng asline Raden Mas Sayidin.
Miturut Narasumber 3, taun 1643 Sultan
Agung wis miwiti gawe bendungan ing Plered, banjur sawise kuwi gawe danau
gawean ing Plered taun 1644. Nanging pambangunan durung rampung, Sultan Agung
wis seda ndisit. Banjur sawise Sultan Agung seda pambangunan dilanjutna dening
Sunan Amangkurat Agung I kanthi 1651 Masehi.
Konon dicaritakake bendungan mau di jenengi Segarayasa utawa laut buatan.
Miturut narasumber uga pambangunan
kraton Plered diwiwiti taun 1571 kanthi 1649 Masehi. Dicaritakake kraton Plered
kadadeyan saka tembok bata abang lan batu alam (saiki dijenengi batu marmer).
Awal kapemimpinan Sultan Amangkurat I
diwiwiti taun 1645 kang wis dinobatake dadi raja Mataram. Panjenengane olih gelar
Susuhan Ing Alaga. Banjur sawise dinobatake kanthi cara resmi, panjenengane
diwenehi gelar Amangkurat utawa Mangkurat. Taun 1647 ibukota Mataram pindhah
ing Plered. Sultan Amangkurat I duweni cara mimpin rakyate kanthi cara pamberontakan
saka pamerintahan Sultan Agung. Amarga kuwi Raden Mas Alit gumun carane kang
denggo kangmase.
Taun 1646 panjenengane, Sultan
Amangkurat I gawe perjanjen karo VOC. Jebul VOC diolihna mbuka pos-pos dagang
ing Mataram, banjur Mataram olih dagang ana ing pulo-pulo kang wis dikuwasi
dening VOC.
Kasepakatan kuwi dianggep Sultan
Amangkurat I kanggo bukti takluke VOC dening Mataram, nanging Sultan Amangkurat
I kaget menawa Palembang jebul direbut dening VOC taun 1659.
Miturut narasumber, Sultan Amangkurat I
padu karo Raden Mas Rahmat sing dadi Adipati Anom. Diceritakake Sultan
Amangkurat I padu karo Raden Mas Rahmat (Anak Sultan Amangkurat I) amarga kabar
kang ngenani jabatan Adipati Anom kang diganti dening Pangeran Singasari.
Pangeran Singasari iku putra saka Sultan Amangkurat Agung I. Banjur Raden Mas
Rahmat ora nrima menawa jabatan kang wis diolihna wiwit biyen arep direbut
dening Pangeran Singasari.
Saka kabar kuwi banjur Raden Mas Rahmat
duka marang bapakne dhewe. Panjenengane duweni pikiran kanggo mateni Sultan
Amangkurat I.
Diceritakake taun 1661 Raden Mas Rahmat
gawe kudeta nanging gagal. Sawise Sultan Amangkurat ngerti menawa Raden Mas
Rahmat arep mateni dheweke banjur panjenengane nduweni kapenginan kanggo
ngracuni anake kuwi, nanging kapenginan saka Sultan Amangkurat I gagal. Akhire
Raden Mas Rahmat padhu karo Sultan Amangkurat I kuwi gawe kraton Mataram geger.
Banjur taun 1668 Raden Mas Rahmat ngrebut selire bapakne, Rara Oyi.
Sawise Sultan Amangkurat I ngerti banjur
panjenengane duka lan ngutus wong kepercayaane kanggo goleti informasi ngenani
babagan kuwi. Ora suwe Sultan Amngkurat I ngerti sebab musababe selire ilang
saka kraton. Jebul Pangeran Pekik gawa
Rara Oyi ing Surabaya. Pangeran Pekik kapengin Rara Oyi rabi karo adipati Anom,
akhire Rara Oyi rabi karo Adipati Anom.
Sultan Amangkurat I kaget lan ancur
atine merga harkat lan martabate wis dilangkahi dening Raden Mas Rahmat, anake
dhewe. Sawise kuwi Sultan Amangkurat I menehi ukuman mati kanggo Pangeran Pekik
lan 40 keluwargane Pangeran Pekik. Ora tekan kono wae, Sultan Amangkurat I uga
menehi ukuman kanggo Adipati Anom, yaiku mateni Rara Oyi, yen Raden Mas Rahmat
ora gelem nglakokna ukumane age-age Sultan Amangkurat I nyopot gelar Adipati
Anom saka Raden Mas Rahmat. Banjur Raden Mas Rahmat manut apa sing diprentah bapakne,
Sultan Amangkurat I yaiku mateni Rara Oyi sing saiki wis dadi bojone.
Sultan Amangkurat I kagolong kejem,
nanging kuwi wis dadi kapenginane. Jabatane sing wis raja bisa ngalahakake
wong-wong sing arep ngancurake dheweke lan Mataram.
Sawise kedadeyan kuwi Raden Mas Rahmat
dendam karo Sultan Amangkurat I lan nduweni niat kanggo ngrusak kraton Mataram.
Ora suwe saka kedadeyan kuwi Raden Mas Rahmat dipecat saka jabatane yaiku
Adipati Anom. Raden Mas Rahmat akhire katemu karo Raden Trunajaya. Raden Mas
Rahmat njaluk tulung karo Raden Trunajaya kanggo ngrusak kraton Mataram lan nduweni
rencana kanggo nguwasani kraton Mataram uga.
Akhire Raden Trunajaya gelem nulungi
Raden Mas Rahmat kanggo ngrusak lan nguwasani kraton Mataram sing saiki dikuwasani
Sultan Amangkurat I, sing ora liya yaiku bapakne Raden Mas Rahmat dhewe.
Nanging tetulungan saka Raden Trunajaya kuwi jebul ora gratis, panjenengane
dibayar dening Raden Mas Rahmat kanggo ngrusak Sultan Amangkurat I.
Raden Trunajaya anggone ngrusak dibantu
dening para pejuang makassar yaiku wong-wong sing ndukung Sultann Hasanudin
sing wis dikalahke VOC taun 1668.
Diceritakake dening narasumber ana padhu
omongan antara Raden Trunajaya karo Raden Mas Rahmat. Banjur Raden Trunajaya
ora menehi kuwasa kraton Mataram karo Raden Mas Rahmat sing wis direncanakake
sadurunge, malahan nglakokake penjarahan marang kraton Kartasura. Raden Mas
Rahmat kuwalahan karo polahe Raden Trunajaya, banjur panjenengane (Raden Mas
Rahmat) bali mbelani bapakne, Sultan Amangkurat I.
Taun 1677, Raden Trunajaya bisa ngrebut
kraton Plered. Ngerteni babagan kuwi banjur Raden Mas Rahmat lan Sultan
Amangkurat I mlayu ngamanke awake. Nanging Trunajaya lunga saka Mataram lan
mulih maneh marang Kediri, Jawa Timur.
Kedadeyan kuwi di manfaatna dening
Pangeran Puger kanggo nguwasani kraton Mataram lan gawe dheweke dadi raja ing
Plered.
Sawise kadedeyan kuwi Sultan Amangkurat
gerah merga ngamanke awake anggone dheweke mlayu. Diceritakake, Sultan
Amangkurat I mlayu tbanjur ketemu Adipati Martalaya lan panjenengane njaluk
menawa dheweke seda mengko dikubur ana ing desa sing wis nglewati tanah kang
mambu wangi lan cedhak karo kuburane gurune biyen.
Sultan Amangkurat I seda, nanging ana
kabar menawa sing mateni Sultan Amangkurat I kuwi yaiku Raden Mas Rahmat.
Nanging miturut narasumber, Sultan Amangkurat I seda dudu merga gara-gara Raden
Mas Rahmat
Jenazah Susuhan Amangkurat Agung dening
Adipati Martalaya disemayamke sadina ing desa Pasiraman. Jenazah dilarung
dening rombongane Adipati Martalaya, nanging rombongan diadang dening masarakat
sing anti Belanda. Akhire salah sawijining wong sing melu rombongan seda.
Sawise kuwi jenazah tetep dilarung, nanging
ing tengah-tengah dalan rombongan diadang dening bekas prajurite Tumenggung
Bahureksa sing kelebu anti Belanda. Nanging piyambake ngerti menawa ing
rombongan kono ana Adipati Martalaya, banjur prajurit kuwi bali maneh. Minangka
kuwi desa kang dadi papan bali prajurit mau dijenengi Balapulang.
Banjur Jenazah Sultan Amangkurat I
dilarung utawa digotong saka Martoloyo mangidul, wiwit desa saka desa durung
nemoni mambu tanah kang wangi. Kanthi tekan salah sawijining desa ing lor
slawi, tekan kono tanah ing desa kuwi mambu wangi, merga tanah ing desa kuwi
mambu wangi banjur desa kuwi dijenengi desa Tegalwangi. Nanging tekan desa
Tegalwangi jenazah Sultan Amangkurat I nembe mambu wangi durung Arum. Banjur
jenazah Sultan Amangkurat I dilarung maneh , tekan salah sawijining desa
jenazah wis wangi lan arum. Desa kuwi saiki dijenengi desa Pesarean merga desa
kuwi kanggo papan sare Sultan Amangkurat I. Merga kuwi dijenengi desa Pesarean.
Jenazah Sultan Amangkurat I dikubur ana
ing desa Pesarean kono. Diceritakake rambut lan kuku jenazah Sultan Amangkurat
I nambah dawa saben dinane. Jenazah Sultan Amangkurat I dikuburkake kanthi
posisi lungguh lan nganggo ageman sorjan
jangkep sing saiki dijenengi Makam Amangkurat ana ing desa Pesarean.
Miturut narasumber, jenazah Sultan
Amangkurat I mambu wangi merga panjenengene priyantun sing taat marang gusti
Allah Swt lan nduweni tindhak-tandhuk kang becik, kang ora di duweni dening
wong liya-liyane.
Saben tanggal 10 Suro ing Makam
Amangkurat kalaksanan prosesi jamasan kanggo ngrapikake rambut lan kuku Sultan
Amangkurat I sing nambah dawa saben dinane.
Prosesi Jamasan dilakukake dening wong-wong kraton Yogyakarta nganggo
ageman sing wis disaratake. Masarakat ana kono uga olih rejeki saben ana
prosesi Jamasan kuwi. Miturut warga kono, anane prosesi Jamasan bisa gawe rame
dagangane lan nambah rejekine.
Taun 1945 kanthi prentah saka kraton
Yogyakarta lan Menteri Agama banjur makam Amangkurat I ditutup rapet.
Pamarentah kraton kasunanan Yogyakarta uga netepakake menawa Makam Amangkurat I
ora olih kanggo kuburan umum.
Makam Amangkurat I ing desa Pesarean
ditekani dening masarakat luar kota lan
masarakat asli desa Pesarean kono, masarakat biyasa teka kanggo ziarah lan
donga marang jenazah Sultan Amangkurat I. Anggone masarakat ziarah dikancani
dening juru kunci ing kono utawa sesepuh kang kerep ngancani donga.
Masarakat percaya menawa ziarah ing kono
bisa nambahake rejeki lan rahmat kanggo dheweke.